Lirik Lagu Walang Kekek
Daerah : Yogyakarta
Lirik Lagu Walang Kekek
Walang kekek, menclok nang tenggokMabur maneh, menclok nang pari
Ojo ngenyek yo mas, karo wong wedho
Yen ditinggal lungo, setengah mati
E… ya ye…, ya ye… ya
E ya… yae yai, e yaiyo yaiyo
Manuk sriti kecemplung banyu
Bengi ngimpi awan ketemu
Walang abang menclok neng koro
Walang biru.. walange putih
Bujang maneh yo mas, ora ngluyuro
Sing wis duwe putu, ra tau mulih
E… ya ye…, ya ye… ya
E ya… yae yai, e yaiyo yaiyo
Biso nggambang yo mas, ora biso nyuling
Biso nyawang, ora biso nyanding
Walang ireng, mabur brenggenggeng
Walang ireng, dowo suthange
Yen podo seneng yo mas, ojo mung mandeng
Golek ono ngendi omahe
E… ya ye…, ya ye… ya
E ya… yae yai, e yaiyo yaiyo
Biso nggambang yo mas, ora biso ndemung
Biso nyawang, ora wani nembung
Walang kekek, walange kayu
Walang kayu, tibo neng lemah
Yen kepingin yo mas, arep melu aku
Yen mung trimo, tak kon jogo ngomah
E… ya ye…, ya ye… ya
E ya… yae yai, e yaiyo yaiyo
Andeng-andeng, ono pilingan
Ojo dipandeng, mundak kelingan
Walang kekek menclok neng tampah
Mabrur mrene, menclok wit pete
Sumengkemo mring Gusti Allah
Nindakake dawuh-dawuhe
E… ya ye…, ya ye… ya
E ya… yae yai, e yaiyo yaiyo
Walang kekek menclok neng tali
Limang wektu ojo nganti lali
E… ya ye…, ya ye… ya
E ya… yae yai, e yaiyo yaiyo
Walang kekek, walange kadung
Jangkrik Genggong
Kendhal kaline wungu, ajar kenal karo aku
Lelene mati digepuk, gepuk nganggo walesane
Suwe ora pethuk, ati sida remuk, kepethuk mung suwarane
e ya e ya e..e yae yae yae yae
Jangkrik genggong, jangkrik genggong, luwih becik omong kosong
Semarang kaline banjir, ja sumelang ra dipikir
Jangkrik upa saba ning tonggok, malumpat ning tengah jogan
Wis watake priya, jare ngaku setya, tekan dalan selèwèngan
e ya e ya e..e yae yae yae yae
Jangkrik genggong, jangkrik genggong, wani nglirik sepi nguwong
Yèn ngetan bali ngulon, tiwas edan ora kelakon
Yèn ngrujak ngrujaka nanas, aja ditambahi kwèni
Kene tiwas nggagas, awak adhem panas, jebul ana sing nduwèni
e ya e ya e..e yae yae yae yae
Jangkrik genggong, jangkrik genggong, sampun cekap mangsa borong.
0 Response to "Lirik Lagu Walang Kekek"
Post a Comment